Jumat, 09 November 2018

Teks MC ISRA' MI'RAJ Nabi Muhammad SAW Bahasa jawa


Teks MC ISRA' MI'RAJ Nabi Muhammad SAW

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Alkhamdulillahi robbil ‘alamin, wabihi nasta’iinu ‘ala umuurid-dunya wad-diin, washolaatu wassalaamu ‘ala sayyidina mukhammadin, wa ‘ala aalihi wa shokhbihi ajma’iin. Qoolallohu fii kitaabihil kariim:
A’udzubillahi minasy-syaithoonirrojiim, Bismillahirrahmanirrahim,
Subkhanal ladzi asroo bi’abdihi laila, lailam-minal masjidil kharoom ilal masjidil aqshol-ladzii baaroknaa khaulah, linuriyahu min aayaatinaa, innahu huwas-samii’ul bashiir.
amma ba’d
  • Khadrotal Muhtaromin, para alim, para ulama’ ingkang kawulo hormati, linangkung para sesepuh, pini sepuh ingkang dahat kinabekten.
  • Al Mukarom Romo KH. Mastur minangkani  …………….soho sedoyo romo kyai ingkang mboten saget kawulo sebat setunggal-setunggalipun.
  • AlMukarrom Romo KH................ saking …………… ingkang tansah kito antu-antu barokah ilmunipun.
  • Pangembat pangembating projo, satrioning negari, panjenenganipun Kepala Desa, sumrambah sedoyo perangkat-ipun ingkang tansah kawulo hormati, ugi kawulo taati.
  • Ketua Ta’mir Masjid , ugi sedoyo pengurus ingkang kawulo hormati.
  • Hadirin-hadirot, tamu undangan, kaum muslimin-muslimat ingkang tansah kawulo hormati.
Purwakaning atur, sumonggo kawulo derekaken anggenipun tansah ngunjuk’aken raos syukur dumateng Allah SWT, katitik wonten kawedangan ndalu puniko kito sedoyo waget makempal sesarengan wonten majlis puniko, sak perlu nderek mengeti Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW, tanpo manggihi aral satunggal punopo. Sumonggo raos syukur meniko, kito ikror-aken bil-lisan, kanti waosan tahmid sesarengan. “Alkhamdulillahi robbil ‘aalamiin”.
Kaping kalih ipun, shalawat ugi salam Allah mugi kunjuk dateng nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang kito antu-antu syafaat-ipun benjang ing yaumul qiyamah. Amiin.. amiin, yaa robbal ‘alamiin..
Hadirin-hadirot, kaum muslimin muslimat ingkang insyaallah dipun mulyaaken dening Allah SWT, wonten mriki kawulo minongko pranoto adicoro, keparengo badhe maosaken reruntuting adicoro pengaosan Isra’ Mi’raj Nabi Agung Muhammad SAW ing wekdal ndalu puniko. (*Adicoro ingkang:

  1. (sepindah) inggih puniko Pambuko
  2. (ongko kalih) inggih puniko Waosan Kalam Illahi
  3. (ongko tigo) inggih puniko Waosan Tahlil
  4. (ongko sekawan) inggih puniko Sambutan-sambutan:
  5. Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko Mau’idhotul
  6. Dene adicoro ingkang pungkasan inggih puniko Do’a Penutup


Hadirin lan hadirot ingkang kawulo hormati.
Kanthi nyenyuwun ridho lan barokah dumatheng Alloh SWT, monggo pengaosan ing ndalu meniko kito bikak kanthi waosan Ummul Kitab sesarengan.
Liridho_illahi ta’ala wa lis-syafa’ati rosulillahi shollallahu ‘alaihi wasalllam, Al fatihah…
Matur nuwun, mugi-mugi kanti waosan ummul kitab, adicoro pengaosan Isra’ Mi’raj ing ndhalu meniko saget lumampah kanthi lancar, mboten manggihi aral satunggal punopo. Amin..

Hadirin-hadirot ingkang minulyo, kito lajengaken adicoro candak-ipun inggih meniko Waosan Kalam Illahi. Ingkang badhe dipun salirani dening sederek ……………. Dumatheng sederek …………….  sasono woro kawulo aturaken, sumonggo.

Matur suwun dipun aturaken, mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an kala wau, saget nambahi raos iman ugi taqwa kito dumatheng Gusti Alloh SWT. Amin amin ya robal ‘alamin.

Hadirin lan hadirot ingkang kawulo hormati.
Kito lajengaken adicoro ingkang ongko tigo, inggih meniko, waosan Tahlil Ingkang badhe dipun pimpin dening Romo KH ……………. Dumatheng Romo KH. …………… sasono woro kawulo aturaken, sumonggo.

Matur suwun dipun aturaken,.
Kito lajengaken adicoro candak-ipun, inggih meniko sambutan-sambutan. Dene sambutan ingkang sepindah inggih puniko sambutan saking ketua Panitia Peringatan Isro’ Mi’roj ingkang badhe dipun aturaken dening Bapak ……………. ,sasono woro kawulo aturaken. Sumonggo.

Matur suwun dipun aturaken,.
Hadirin lan hadirot ingkang kawulo hormati. Sambutan saking ketua panitia sampun paripurno. Kito lajengaken adicoro candak-ipun inggih meniko sambutan saking Kepala Desa ……………. Katur dumatheng panjenenganipun Bapak …………… sasono woro kawulo aturaken. Sumonggo.

Matur nuwun dumatheng Kepala Desa ingkang sampun paring waluyan dumatheng kito sedoyo, mugi-mugi menopo ingkang dipun aturaken kolo wau saget kito mangertosi lan kito laksana-aken.

Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang mugi-mugi dipun mulyaken dening Alloh SWT.
Sak derengipun adicoro kawulo lajengaken, sumonggo kawulo aturi ngrahapi unjuk’an soho daharan kanthi sekecaning penggalih.
                                                                   
Hadirin lan hadirot kaum muslimin muslimat ingkang minulyo,
Kito lajengaken adicoro candakipun inggih meniko Mau’idhotul Hasanah soho do’a penutup ingkang badhe dipun wedaraken dening panjenenganipun Al Mukarom Romo KH……………, saking …………….
Sakderengipun mau’idhoh hasanah, kawulo minongko pranoto adicoro wonten pengaosan ndalu meniko, wiwit purwo, madyo dalah wasono kathah galap gangsuling atur, kirang wijang wijiling ukoro, minggahing kirang subosito, miwah larasing tata krami, kawulo nyuwun angunging samudra sih pangaksami.
Saking kawulo cekap semaenten, Wallahul muwaffiq ila aqwaami thoriq..

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Dumateng panjenenganipun Al Mukarom Romo KH ……………,., sasono woro kawulo aturaken, Sumonggo.

6 komentar:

Teks MC ISRA' MI'RAJ Nabi Muhammad SAW Bahasa jawa

Teks MC ISRA' MI'RAJ Nabi Muhammad SAW السلام عليكم ورحمة الله وبركاته Alkhamdulillahi robbil ‘alamin, wabihi nasta’iinu...